Nama: Triwik Damarjati Guru Bahasa Jawa sman 1 Yogyakarta Jl. Hos. Cokroaminoto no. 10 Yogyakarta hp. 081578744754 upacara ambal warsa ing adat jawa dening Triwik Damarjati



Yüklə 18,57 Kb.
tarix25.03.2017
ölçüsü18,57 Kb.
#12503


Nama:Triwik Damarjati

Guru Bahasa Jawa

SMAN 1 Yogyakarta

Jl.HOS.Cokroaminoto no.10 Yogyakarta

HP.081578744754

UPACARA AMBAL WARSA ING ADAT JAWA

Dening Triwik Damarjati

Ambal warsa yaiku pengetan dina klairan manungsa sing dadi pratandha anane dina wiwitane panggesangan, ing saknjabane kandhutan. Pengetan ambal warsa bisa dipengeti kanthi ngadhaake pahargyan (pesta) pengetan ambal warsa jroning kulawarga utawa para sanak kadang lan tangga teparo. Pengetan ambal warsa bisa dipunrayaaken kanthi pahargyan (pesta ageng) ananging uga bisa kanthi upacara tradisional ( sinebat unik).Prosesi ambal warsa tradisional yaiku priyayi putri lumantar prosesi kirab (dipuntandhu), siram sekar setaman, sungkem dhateng tiyang sepuh,kalajengaken pangkas tumpeng.

Ambal warsa uga dipunrayaaken kanthi tirakatan lajeng dhahar sekul tumpeng utawa gudhangan. Bancakan kadamel minangka ucap syukur awit sampun kaparingan barokah.Bancakan bisa ngraketake karukunan antarane para warga.Bancakan uga wujudake dana boga tumrap sapadha-padha.Upacara pengetan tambahan yuswa tiyang gesang miturut para winasis ing maneka warna sumber,yaiku:


  1. Bancakan bayi lagi lair, sinebat BROKOHAN. Brokohan utawa barokahan yaiku salahsawijing upacara adat Jawa kangge nyambut kelairan bayi. Barokohan nggadhahi makna ngaturake syukur awit kaberkahan wilujeng anggone lairan Brokohan asal tembunge saka basa Arab yaiku "barokah" ingkang maknane ngarepake berkah. Tangga teparo mligine para ibu sami rawuh nyambangi kulawarga sing lairan saperlu ngucapake rasa melu bungah, lumrahe kanthi nggawa bingkisan arupa wedhak, teh, gula,beras lan sapanunggalane. Slametan sepisanan kasebat brokohan, yaiku sega tumpeng, uraban bumbu pedhes tandha si bayi lanang) , gereh, jajanan pasar, bubur abang-putih, jangan lodheh kluwih supaya rejekine linuwih .

  2. Bancakaan bayi umur 5 dina, sinebat SEPASARAN BAYI. Bayi umur 5 (lima) dina dianaake slametan sepasaran.Bayi kaparingan nama sarta rambut bayi dicukur (digunting) sithik.

  3. Bancakan bayi umur 35 dina, sinebat SELAPANAN BAYI. Sawise uba rampe dados, wong tuwa jabang bayi donga miturut agama.Donga kaajab supaya jabang bayi saged dados putra ingkang mikul dhuwur mendhem jero dhateng Tiyang Sepuh. Slametan selapanan yaitu bayi umur 35 dina.Rambut bayi dicukur resik, supaya rambut bayi bisa tuwuh ketel

  4. Bancakan bayi umur 245 dina, sinebat PITUNG LAPAN bayi (Asring katindaake Upacara Tedhak Siten).

  5. Bancakan tiyang Jawa saben 35 dina,sinebat WETONAN. Weton minangka gabungan siklus kalender surya karo sistem kalender Jawa ngemot 5 dinten ing satunggal siklus, yaiku pon, wage, kliwon, legi, paing.

  6. Bancakan tiyang Jawa saben 12 wulan, sinebat pendhak taun (AMBAL WARSA).Saperangan Tiyang Jawa mastani bancakan tiron.

  7. Bancakan bocah nalika umur 8 taun sinebat SEWINDUNAN (Windon) Nama taun ing Jawa naming ana wolu yaiku:

  1. Taun ke-1 : Alip

  2. Taun ke-2 : Ehe

  3. Taun ke-3 : Jimawal

  4. Taun ke-4 : Je

  5. Taun ke-5 : Dal

  6. Taun ke-6 : Be

  7. Taun ke-7 : Wawu

  8. Taun ke-8 : Jimakir



  1. Bancakan tiyang Jawa nalika umur 32 taun sinebat TUMBUK ALIT

  2. Bancaan tiyang Jawa nalika umur 64 taun sinebat TUMBUK AGENG

    Upacara Tumbuk Ageng minangka rerangken pengetan ambal warsa (8 taunX8=64 taun). Tembung Tumbuk Ageng asale saka tembung 'tumbuk' lan 'ageng'. Tumbuk.Tumbuk tegese tempuk utawa nyarengi, dan 'ageng' tegese agung utawa gedhe. UpacaraTumbuk Ageng kanthi climen (cilik-cilikan) utawa prasaja (sederhana).



Kenduren malem pengetan upacara tumbuk ageng prasaja,migunaake sesaji

sega tumpeng, lawuh, pisang raja, unjukan, ayam sajodho, saperangkat ageman.

Upacara tumbuk ageng kaanggep rowa, migunaake sesaji, yaiku:

Sega tumpeng gunggung 64 warna-warni kelan jangan (sayur),lawuh,warna-warni jenang,warna-warni unjukan,warna-warni ,buah-buahan,rujak,endhog pitik,wiji (beras, kedhele, kacang, lsp),bumbu-bumbu (bambang, bawang putih, merica, ketumbar, lsp),warna-warni Pacitan (nyamikan),ageman (kain, bahan klambi),woh-wohan,kewan (ingon-ingon),perhiasan .



Rerangken Tatacara Upacara Tumbuk Ageng

Upacara tumbuk ageng lumrahe tibane ngepasi dina weton,urut-urutane Upacara Tumbuk Ageng, yaiku:



  1. Angon Putu

Upacara angon putu nalika wanci esuk angon putra,wayah,buyut saperlu mlaku-mlaku lan blanja neng pasar.Pasar bis aawujud pasar tiron yakuwi nggawe pasar cilik-cilikan neng pekarangan omah.

  1. Congkongan

Wanci sore pukul 15.00-16.00 ditindaake upacara congkogan,yaiku

Wong Tuwa kang dicongkogi dening putrane cacah papat(disangga nganggo tebu wulung.Tebu wulung mralambangke antebing kalbu,wulung mralambangke golong-gilig manah tansah sumarah karo purba wasesa Gusti Kang Nggawe Urip.Tiyang kang dicongkogi ngadeg neng tengah latar dirubung anak,putu lan buyut. Papat putra kang nyongkog saka ngarep,mburi,kiwa lan tengen.Menawa putrane ana sing wis seda bisa diganti putu.Sawise Wong tuwa mau bisa ngadeg kanthi tegen (jejeg),para putra wayah buyut padha ngadeg adhep-adhepan saperlu mirengke pitutur,nyenyuwun berkah pangestu.



Makna upacara congkogan yaiku Tiyang Sepuh umur 64 taun nglenggana menawa wis suda sakabehe.Yaiku kurang seger warase akeh ngelu mulese,suda pangrungon,suda pamawas.Wong Tuwa bisa diarani ringkih samubarange.Pramila Tiyang Sepuh butuh panyengkuyung (congkog) putra wayahe.

  1. Andrawinan

Upacara andrawinan minangka upacara pungkasan ing rerangken upacara tumbuk ageng. Upacara katutup kanthi pangkas tumpeng, nyebar udhik-udhik, paring wasiat, sungkeman, dhahar kembul lan nanggap wayang kulit.Nanggap wayang kulit bisa kaganti kanthi maosaken riwayat wiwit lair dumugi yuswa 64 warsa.












Yüklə 18,57 Kb.

Dostları ilə paylaş:




Verilənlər bazası müəlliflik hüququ ilə müdafiə olunur ©www.azkurs.org 2024
rəhbərliyinə müraciət

gir | qeydiyyatdan keç
    Ana səhifə


yükləyin